Jumat, 17 Januari 2020

Geguritan

Geguritan iku puisi Jawa gagrag anyar kang ora kaiket dening paugeran tinamtu. Cacahe larik, cacahe wanda, cacahe pada, tembung-tembung kang dipilih, lan surasane kabeh merdeka utawa bebas. Gumantung net atine kang nggurit.


  • Maca lan nanggapi isine teks geguritan sarta niteni perangan-perangane
  1. Maca kanthi premati, yen perlu dibolan-baleni
  2. Nggatekake ubungane larik siji lan sijine
  3. Golekana tegese tembung-tembung kang angel utawa aneh
  4. Golekana pesen utawa amanat kang dikarepake dening panggurite
  5. Tambahana tembung utawa wanda saengga ukarane bisa cetha

  • Nemokake tuntunan kang dikandhut ing teks geguritan 
Geguritan iku umume digawe dening panggurite kanggo nuduhake rasa marang kahanan. Ana kang nggambarake rasa bunga, rasa sedih, nggrantes, utawa malah nggambarake rasa serik kang kepati-pati marang kahanan.

  • Nulis geguritan nggunakake ragam basa kang jumbuh
  1. Ora kaiket dening aturan utawa pranatan guru gatra, guru wilangan, guru lagu, lsp. 
  2. Ngutamakake isi kang mentes, apik, endah, lan becik
  3. Bisa nggunakake lelewane basa
  4. Isine bisa pitutur, piweling, kritik, protes, nyindir, nggresah, pamundhut, lsp.







Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XII SMA/SMK/MA

Serat Wedhatama Pupuh Sinom

Serat Wedhatama iku anggitane Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe teges utama/kautamaan.

Sinom

Nuladha laku utama
Tumraping wong tanah Jawi
Wong agung ing Ngeksiganda
Panembahan Senopati
Kepati amarsudi
Sudaning hawa lan nepsu
Pinesu tapa brata
Tanapi ing siyang ratri
Amamangun karyenek tyasing sesama

  • Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembang Sinom ana 9.
  • Guru lagu, yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon-wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tembang Sinom, yaiku a, i, a, i, i, u, a, i, a
  • Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang Sinom, yaiku 8,8,8,8,7,8,8,12

Saka tuladha tembang Sinom ing dhuwur bisa ditemokake tuntunaning urip, upamane:
  • Manungsa kudu bisa nuladhani kaya tumindake Panembahan Senopati, yaiku tekun
  • Manungsa kudu bisa ngurangi hawa nafsu kanthi prihatin
  • Manungsa kudu bisa gawe ati tentrem kanthi tansah budi daya tresna asih mring sasama












Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas X SMA/SMK/MA

Crita Rakyat

Crita rakyat yaiku crita kang dicritakake kanthi turun-temurun utawa kang wis dadi tradhisi ing masyarakat. Crita rakyat ngemu piwulang utawa nilai-nilai, antarane yaiku nilai budaya, nilai sosial, lan nilai moral.

  • Titikane crita rakyat
  1. Panyebarane kanthi lesan
  2. Duweni sipat tradhisional
  3. Sugih cakrik lan variasi
  4. Jenenge pangriptane ora konangan
  5. Wangune tiron (klise) ana ing susunan

  • Mupangate crita rakyat yaiku
  1. Mupangat rekreatif, yaiku menehi rasa tentrem, seneng uga menehi hiburan 
  2. Mupangat dedaktif, yaiku ndhidik para kang maca amarga nilai-nilai kabeneran
  3. Mupangat estetis, yaiku menehi nilai-nilai kaendahan
  4. Mupangat moralitas, yaiku ngemu nilai-nilai moral kang dhuwur saengga para kang maca bisa mangerteni
  5. Mupangat religiusitas, yaiku ngemu ajaran agama kang bisa didadeake tuladha

  • Unsur crita rakyat
  1. Tema 
  2. Latar (setting)
  3. Paraga
  4. Alur (plot)
  5. Amanat
  6. Sudut pandang 

  • Wujude crita rakyat
  1. Mitos, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadean. Tuladha: Nyi Rara Kidul
  2. Legendha, yaiku crita kang dianggep bener-bener kedadean, biasane crita mau ana petilasan. Tuladha: Baru Klinthing
  3. Dongeng, yaiku crita kang ngayawara lan ora bisa dipercaya. Tuladha: Keong Mas









Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa Kelas XI SMA/SMK/MA

Teks Pawarta

Teks pawarta yaiku kabar anyar utawa kedadean sing lagi dumadi ana sawijining panggonan sing bisa dicawisake liat bentuk cekak, siaran, internet, utawa lisan marang wong ke telu utawa wong akeh.


  • Bentuk-bentuk Pawarta
  1. Bentuk Cetak, bisa awujud majalah/koran. 
  2. Bentuk Siaran, tuladhane berita basa Jawa ing radio utawa tv. 
  3. Bentuk Internet, kang awujud pawarta sing dicawisake lewat website utawa blog. 

  • Unsur Pawarta 

  1. Apa, yaiku kedadean apa sing bakal dicawisake 
  2. Sapa, yaiku nerangake kedadean sapa sing ngalami kedadean kasebut
  3. Kapan, yaiku nerangake kapan kedadean kasebut dumadi
  4. Kepriye, yaiku nerangake Kepriye kedadean kui bisa dumadi 
  5. Nengndi, yaiku nerangake ana papan ngendi kedadean kui dumadi
  6. Kenaapa, yaiku nerangake merga apa kedadean kasebut dumadi


  • Perangane Pawarta
  1. Irah-irahan pawarta utawa judul berita
  2. Isine papan lan wektu kedadean 
  3. Isine ringkesan pawarta, gunane kanggo mbantu pamaca nemokake pokok isine 
  4. Bukti lan data kang disuguhake





Sumber:ringkasan materi kelas X

Sesorah



Sesorah iku tembung liya saka pidhato. Pidhato iku medherake gagasan sarana lesan kang ditujokake marang wong akeh. Akeh tembung kang maknane padha karo sesorah antara liya tanggap sabda, tanggap wacana, medhar sabda, sabda tama, lan liya-liyane. Sanajan tegese padha, tembung-tembung mau kudu patitis anggone ngepasake. Kudu cocog karo unggah-ungguhe.

Ragangan (struktur) bakune sesorah, kang nyakup 9 perangan, yaiku :
  1. Irah-irahan
  2. Salam pambuka
  3. Pakurmatan
  4. Purwaka basa utawa pambuka 
  5. Wos utawa isine sesorah
  6. Andharan wose sesorah (yen perlu)
  7. Pangarep-arep (pangajab)
  8. Wasana basa utawa panutup
  9. Salam panutup

  • Nanggapi pokok-pokok isine teks sesorah
Tanggapan marang isine sesorah ora bisa diwedharake langsung sabubare ngrungokake sesorah, nanging milih wektu kang ngepasi. Tatacarane wong menehi penemu tumrap isine sesorah kudu nggunakake basa kang ngajeni utawa sopan. 

  • Nulis teks sesorah kanthi ragam basa padinan
Nulis sesorah iku manut marang ragangan sing uwes ditentuake. Yaiku saka irah-irahan nganti salam panutup. Sakwise nulis ragangane, banjur dimekarake nganggo basamu dewe.

  • Maca teks sesorah kanthi nyuwara
Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa ngucapake kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang bener.
Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu jelas bedane. Swarane /d/, /dh/, /t/, /th/, /a/, /o/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha.










Sumber : Gegaran Nyinau Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA